Menyang kontèn

Kaca:Awaking Manoengsa.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

10

IV. ATIK-ATIKAN.


1. Apa kang diarani atik-atikan.

Atik-atikan ikoe gandéngé baloeng loro oetawa loewih kang bisa obah. Baloeng kang gandéng maoe sing sidji mbendol, sidjiné legok. Bendolan ikoe trep ing legokan. Moerih koekoehé, atik-atikan mono binlebed ing oewat-oewat warna-warna.

Mitoeroet obahé, atik-atikan ikoe warna-warna djenengé, oepama: atik-atikan mimisan, atik-atikan éngsélan.


2. Atik-atikan mimisan.

Moelané diarani mimisan, awit baloengé kang sidji ana benḍolané kaja mimis kang trep ing legokané baloeng sidjiné. Ing legokan Kono mimis maoe bisa moenjar-moenjer. Baloeng baoe karo baloeng walikat gandéng sarana atik-atikan mimisan. Mangkono oega baloeng poepoe karo baloeng-baloenging gelangan-tjetik.


3. Atik-atikan éngsélan.

Saréhné obahé kaja obahing lawang kang mawa éngsél, moelané diarani atik-atikan éngsélan, oepama: gandéngé baloeng baoe karo baloeng tangkis-djaba-djero (ing sikoet). Ana manéh toeladané: atik-dtikan ing dengkoel.

Gambar No. 6a ikoe gambaring gandéngé gegelan goeloe sing doewoer déwé karo gegelan ngisoré. Obahé atik-atikan bisa warna loro: mantoek lan gédég.


4. Keslijo.

Manawa wong kedjengklok, bendolaning baloeng ing atik- atikan kongsi mlését saka legokaning baloeng sidjiné, ikoe loewih lara lan ngrekasa tinimbang karo manawa moeng ketjénéng blebeding atik-atikan baé.


Manawa keslijo sikilmoe, adja kesoesoe ko-enggo mlakoe. Tak-tek njekleki dridjimoe, ikoe saroe rinoengoe lan dinoeloe.