Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/97

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

      Ing swarga miwah ing bumi
      Sinten kang kula luluti,
      andjawi saking Tuwan pyambak?
      Sanadjan ngantos lebura
      raga kalijan tyas kula,
      Allah tan éwah dados parang,
      géndolané manah kula,
      panduman kula slaminja.

Kita kedah gondélan kekah dateng Gusti Allah. Ngarep-arepa marang Allah. Datengipun karibedan inggih saking astanipun. Kita boten badé pados karibedan punika, nanging Gusti Allah ingkang maringi, awit pangrimatipun dateng kita béda kalijan pandamel kita ing ngatasing badan kita pijambak. Pandjenenganipun matrapi kita, kita pantjén boten purun matrapi badan kita pijambak. Sadaja kasisahan punika datengipun saking astanipun Gusti Allah lan namung saged sirna déning astanipun Gusti, Milanipun: ,,Ngarep-arepa marang Allah." Menawi kita saged ngaturaken pangandel kita dateng Gusti Allah kados mekaten, dados boten wonten sababipun kita ngresula nanging malah memudji. ,,Pandjenengané mesti bakal kelakon dakpudji.” Memudji salebeting karibedan. Karibedan punika ugi peparing ingkang saé saking astanipun Sang Rama Allah. Kita kedah sinau ngidung pamudji ing salebeting pepetenging dalu. Menawi pepeteng nglimputi kita, ing satjelakipun Gusti Allah punika meksa padang. Menawi boten wonten pangluwaran saking pundi kémawon ing satjelakipun Gusti Allah temtu wonten pitulungan. Margi dateng swarga tetep menga. Punika margining kapitadosan, pangadjeng-adjeng lan pandonga.

Lan Gusti Allah saéstu ugi mitulungi kita. ,,Pandjenengané iku Pamartaku kang sampurna lan Allahku”. Sampun asring Pandjenenganipun naté mitulungi kita. Temtunipun sapunika inggih karsa mitulungi kita: Pandjenenganipun tetep djumeneng Allah kita.

Kita ngraosaken pakarjaning pitulunganipun Gusti Allah ing djaman rumijin. Ugi babading pakarjanipun Gusti Allah ing gesangipun tyjang ingkang katjrijosakan ing Kitab Sutji, inggih punika babad sutji. Sanadyan panglu-

93