Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

malaékat punika njumerepi dumadosing setunggil-setunggiling putusanipun Gusti Allah, boten sami wonten ing satengahing samukawis ingkang boten kanten-kantenan. Para malaékat sami ningali kawontenan ingkang jektos, pepesṭèning Gusti Allah; kita sami namung njumerepi kawontenan ingkang tumindak ing saubeng kita, ingkang ketingal mak-kluwer mekaten. Kita sageda nulad ḑateng para malaékat punika. Kita dèrèng saged ningali ḑateng ingkang sami dipun tingali déning para malaékat, nanging kita saged pitados. Kita gesang ing salebeting wekdal kapitadosan boten srana ningali lan boten srana sumerep. Kita kedah pitados punapa ingkang sampun dipun tingali déning para malaékat. Para malaékat punika nimbali kita, supados pitados ing kasutjènipun lan kaluhuranipun Gusti Allah ingkang dipun tingali ing salumahing bumi.

Punapa kita inggih sami kelebet ing kaluhuranipun Gusti Allah? Wangsulanipun Nabi Jesajah mekaten: „Aḑuh bilai aku, marga djember lambéku, sarta aku manggon ana ing tengahé bangsa kang djember lambéné." Wonten ing ngarsanipun Gusti Allah kita sami tijang dosa. Dados ing ngriki wonten kosok wangsul: Ingkang Mahasutji... lan tijang dosa. Kados pundi tijang dosa sagedipun mirib ing kasutjènipun lan kaluhuranipun Gusti Allah?

Namung déning Gusti Allah pijambak, awit Pandjenenganipun nutjèkaken tijang dosa supados sami gesang lan ngutjap minangka kaluhuranipun. Menawi kalampahan Gusti Allah nutjèkaken djagad, sadaja karisakaning djagad punika baḍé sirna. Mugi kita sadaja sageda kelebet ing prakawis punika.

Duh Gusti, kawula sageda sutji déning Tuwan, namung déning Tuwan pijambak. Kawula keparenga ngutjapaken pamudjining kasutjèn Tuwan.

Kidung Pasamuan 27: 1:

Allah linuhurna klawan kidung anjar,
Pra djalma salumahing bumi adjembar,