Buku „Adja sumelang” punika isi piwulang-piwulang tjekak ingkang mranani manah, langkung-langkung kanggé sadérék ingkang pinudju nandang sakit utawi nandang karibedan sanésipun. Isinipun buku punika kadjawékaken saking buku „In geen ding bezorgd” karangan tetilaranipun swargi Dr. H. A. van Andel. Pangarangipun nalika ngleresi dipun internir Djepang kanggé sesorah dateng kantjanipun ingkang sami dipun internir.
Bab kidungipun boten kalugokaken, nanging kapendetaken saking kidungipun Pasamuan Djawi, amrih gampilipun.
Ing pangangkah buku punika sageda nambahi kakiranganipun buku-buku Djawi ingkang isi panglipur sedjati.
Wasana mugi-mugi Gusti karsaa mberkahi, supados buku punika inggih kaagema srana ngwanuhaken bangsa kita Djawi kalijan Sang Djuru Wiludjeng Gusti Jésus Kristus.
Surakarta
Ingkang ndjawékaken