Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
17 Sutji, sutji, sutji

Kidung Pasamuan 23 : 1, 2, 3:

      Kula ngalembana mring kang Mahaagung;
      tansah kula sebut setya tuhunipun;
      sumrep kula nadyan sampun agung sihipun,
      tansah badé mindak pratanda piwlasipun;
      upami langit kang tan gingsir saking donné,
      mekaten datan éwah-éwah kasetyané.

      Rahaju tyang remen dateng sabdéng Allah,
      lampahira sasat kasorotan tansah
      ing tjahja kang mantjur saking wedana Tuwan,
      bingah manahipun déning sihé Pangéran,
      prasetya Tuwan amesti tan nglingsemaken,
      kaadilan Tuwan malah angluhuraken.

      Pangéran kang dados pangauban mulja,
      wah malih pikekah ing kakwatan kula.
      Kula badé unggul ing saliring bebaja,
      malah kaparingan kamuljan anéng swarga,
      sabab Pangéran kang naméngi umatipun,
      sinungan Panutan kang langkung déning kwasa.

Maos Jesajah 6: 1-7:

Nalika ing taun sédané Sang Radja Uzijah aku ndeleng Pangéran pinarak ing dampar kang gedé aluhur, kuntjaning pangagemané ngebeki pasutjéné kabéh, para mala¢kat Seraf pada ngajap mubeng; Seraf mau pada asuwiwi nenem, kang loro digawé nasabi wedanané, kang loro digawé nasabi sampéjané, sarta kang loro digawé mabur, lan pada sesauran panguwuhé mengkéné: Sutji, sutji, sutji Jehuwah Gustiné bala-tantra, salumahé bumi kebak kanggonan kaluhurane. Sakané lawang kongsi pada kontrag-kantrog déning swarané kang nguwuh, tuwin ing dalem kebak kukus. Ing kono pangutjapku: Aduh bilai aku, marga djember lambéku, sarta aku manggon ana ing tengahé bangsa kang djember lambéné, déné mripatku wus ndeleng Sang Prabu Jehuwah Gustiné bala-tantra. Tumuli para Seraf mau kang sidji mabur marani aku, astané njepeng wongwa kang mengangah, oléhé mendet ing mesbéh srana sapit, bandjur dinjonjokaké marang tjangkemku, sarta ngandika mengkéné: Lah iki wus nggepok marang lambému, dadi kaluputanmu wus sirna lan dosamu wus diruwat.

85