Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

punika katah kekiranganipun. Gesang punika sanes tuking kabegdjan ingkang ageng malah katah tjatjad lan kekiranganipun. Tumrap para pitados inggih mekaten.

Panganggepipun para pitados gesang punika kangge pasinaon, minangka pandadar, nanging kanggé pijam- bakipun sasampunipun pedjah punika wonten gesang ingkang sedjati.

Sinten ingkang gesangipun kagém Gusti Allah, gesang- ipun ugi saking Gusti Allah, lan gumantung dateng Gusti Allah. Gusti Allah punika bendaranipun, Djuru Wiludjengipun lan Pangungsénipun. Gesangipun saking Gusti Allah lan lumados dateng Gusti Allah. Gesang tanpa Allah punika sangsara. Sakedap kémawon ladjeng wonten pungkasanipun. Boten nggadahi sesawangan ingkang tebih, boten wonten bakalané ingkang nengsem- aken, boten wonten tembé buri, tuwin boten nggadahi pangadjeng-adjeng, Nanging gesang tetunggilan kalijan Gusti Allah punika gesang ingkang sugih, déné tetunggilan kalijan Pandjenenganipun ing salaminipun. Pungkasanipun sanés pedjah lan kubur, nanging pedjah lan kubur punika wiwitaning kabingahan ingkang sedjati. Ladjeng kasangsaraning gesang punika sirna sadaja. Boten wonten sesakit, boten wonten katjingkrangan, bebaja lan kasangsaran malih. Gusti Allah badé ngusapi sadaja luh saking mripat. Boten wonten kaprihatosan, rekaos lan pedjah malih.

Kidung Pasamuan 137 : 1, 3:

      Gusti Jésus, kula badé
      ndérék Tuwan slaminja,
      ndérék manggul salib Tuwan
      sadjeg kula néng donja.
      Kula Tuwan kijataken,
      sageda tahan susah,
      sampun ngantos kemuriten,
      sampun tjuwa ing manah.

83