datenganak-anak wau ing donja ngriki, lan srana punika nuntun laré-laré punika nglangkungi pedjah. Gesang kanggé badan kita pijambak saged, nanging pedjah kanggé badan kita pijambak boten saged.
Punika setunggiling kanugrahan ingkang ageng kanggé para pitados, déné gesang lan ngadjalipun nunggil tudjuan, gesang lan ngadjalipun tjumaos dateng Gusti. Anak-sémah inggih kawulang mekaten.
Menawi sadaja gegajuhan kita kéndel déning pedjah, ladjeng gesang punika punapa? Namung supenan, namung semu kémawon ingkang wekasanipun peteng. Saéstunipun punika namung saged dados pamaremipun tijang ingkang sami pitados bilih boten wonten gesang Sasampunipun gesang ing samangké, sasampunipun pedjah ladjeng sampun. Punapa wonten tijang ingkang kados mekaten? Kintenipun wonten ugi ingkang njrijosaken mekaten. Nanging idam-idamanipun gesang lan ngadjalipun para pitados punika béda. Gegajuhanipun namung wonten ing Gusti Allah pijambak. Kanggé badanipun pijambak, kanggé sémah lan anak-anakipun, kanggé bapa-byung lan kulawangsanipun, sadaja wonten ing Gusti Allah. Para tijang pitados kados déné baita, ingkang djangkaripun boten wonten ing badanipun pijambak, temah dipun ontang-antingaken ing ombak, tanpa angsal pitulungan. Djangkaripun tijang pitados punika dumunung wonten ing Gusti Allah, pijambakipun gondélan dateng djangkar punika.
Menawi; Gusti Allah ingkang dados tudjuaning gesang kita, dados Pandjenenganipun inggih dados tudjuaning pedjah kita. Panganggepipun tijang katah gesang lan pedjah punika dados kosok wangsul. Gesang dipun kedjawékaken déning pedjah, wangsul pedjah punika dipun kedjawekaken déning gesang. Pedjah lan gesang punika pangawasa kalih ing djagad ngriki. Nanging kanggé para pitados boten, Pedjah punika nuntun pijambakipun dateng gesang ingkang béda, saged dipun westani sedjatining gesang. Para pitados punika nunggilaken prakawis kalih punika.
Saben tijang ngakeni bilih gesang wonten ing donja
82