Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

punapa kita enggé gadah kadjeng miturut karsanipun Gusti Allah? Katudjokaken dateng karsanipun lan ngarah gesang wonten ing patunggilanipun Gusti Allah? Kados pundi gesang kita? Punapa boten katah tjatjadipun? Sadinten-dintenipun punapa boten wonten dosanipun pijambak? Kita perlu sinau, bilih kakijatan kita pijambak boten saged ngluwari kita. Menawi kita dipun tégakaken nurut kadjeng kita pijambak, kita badé dumugi ing kandang babi lan ngalami kaliren.

Kita sampun namung ngraosaken mekaten kemawon. Anak mursal ugi ngraosaken, nanging bandjur ngadeg marani bapakné. Prakawis punika ugi perlu kalampahan ing gesang kita: Ngadeg lan sowan ing ngarsanipun Sang Rama. Terkadang wonten tijang ingkang mikir-mikir bab awrating dosanipun, ladjeng mandeg semanten kémawon, Dinten utawi dalu tjandakipun wangsul mikir- mikir dosanipun malih. Kita perlu ngadeg lan sowan ing ngarsanipun Gusti Allah, Rama kita.

Saiba agenging sihipun Allah Sang Rama, sami kados bapa ing prasemon punika; Pandjenenganipun mriksani enggen kita sowan saking katebihan, awit Pandjenenganipun ing sadinten-dinten ngadjeng-adjeng sowan kita. Astanipun ingkang kebak sih nampéni dateng kita. Setunggal-setunggaling tijang dosa ingkang mratobat kepareng tjelak tetunggilan kalijan Allah Sang Rama.

Kidung Pasamuan 33: 2, 4, 5:

    Sun ginubed ing talining pati,

    wah tinempuh pagirising antaka,

    kang tinemu rerubed lan tjintaka,

    nging Allah wus karsa angluwari.


    Aku kesrakat lan sinangsara,

    nging Allah wus mitulungi mring aku,

    puliha ledjar manéh, duh njawaku,

    wit Allah wus njaéni mring sira.


    Inggih duh Allah, Tuwan kang sampun

    nebus njawa kula saking antaka,

    angusapi luh kula saking mata,

    wah nguwataken ing lampah ulun.

76