Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dumados saking kalih golongan: tijang dosa lan tijang mursid.

Wonten unda-usuk malih menggahing katresnan: wiwitan boten temtu: wonten kabingahan ing kratoning swarga, ladjeng kabingahan ing ngadjeng ing para malaékatipun Gusti Allah (para malaékat sami sumerep kabingahan punika, Gusti Allah ingkang rena), wasana: kabingahan punika kabingahanipun bapa, punika sampun temtu saha manut kodrat.

Wonten unda-usuk malih menggahing kalepatanipun ingkang sami ketriwal: ménda kesasar punika bodo, boten kaétang sanget-sanget; dirham punika babar-pisan boten gadah lepat; anak mursal punika pantjén lepat sanget. Gambaripun djuru mupu béja lan tijang dosa punapa saged kagambar langkung tjeta, katimbang srana anak mursal? Pijambakipun sampun ngebréh-ebreh barang gadahanipun sadaja. Mlarat, kaliren tuwin nggombal punika margi saking lepatipun pijambak. Para Farisi lan para ulama boten wonten ingkang welas dateng laré punika, boten purun tumindak punapa-punapa malih dateng pijambakipun. Wangsul bapakipun temtu karsa tampi, margi dados... bapa, Sinten ingkang wani netah kabingahanipun bapa, menawi anakipun ingkang sampun itjal punika wangsul malih? Kabingahan punika wewenangipun bapa. Boten wonten tijang ingkang ngalang-alangi prakawis punika. Kados mekaten enggén kita kedah nggadahi panganggep dateng Gusti Allah saha dateng badan kita pijambak,

Wonten tijang ingkang mestani leres dateng badanipun pijambak, ngantos boten mbetahaken dateng pamratobat. Ing ngriki boten njrijosaken tijang-tijang wau, nanging njrijosaken anak-anak ingkang mursal.

Punapa kita béda kalijan anak wau utawi langkung saé? Gusti enggénipun nitahaken kita ing wiwitan punapa boten saé? Barang-barang peparingipun Gusti Allah punapa boten kita ebréh-ebréh? Kula aturi ngraosaken gesang kita pijambak: Pikiran kita punapa kita enggé mikir-mikir kados panggalihipun Gusti Allah lan kagem kaluhuraning Asmanipun? Kekadjengan kita

75