Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punapa boten leres utawi nggumunaken, menawi Rasul Paul ngandika: Tansah paḑa bungaha? Punapa Rasul boten mangertos ḑateng gesang? Punapa pijambakipun boten mangertos ḑateng kasangsaran, panjobi, karupekan, sadaja panandang ingkang dipun alami déning para anaking manusa? Kula aturi maos II Korinta 11 : 25—27: „Disapu ambal ping telu, dibenturi watu sepisan. Ketiwasan prau remuk ambal ping telu, sadina sawengi aku kampul-kampul ana ing satengahé segara. Enggonku lelaku asring nemu bebaja ana ing bengawan, bebaja bégal, bebaja saka bangsaku, bebaja saka wong kapir, bebaja ana djero negara, bebaja ing antarané wong kang minda-minda sadulur. Aku ngalami rekasa lan pakewuh, kerep tugur melék, ngalami ngelih Jan ngelak, kerep ketendagan pangan, ngalami katisan lan kawudan.”

Sinten tijang ingkang kados Rasul Paul, ingkang lantéh ing panjobi? Paul temtu kémawon kénging mungel lan tjrijos: „Tansah pada bungaha ana ing patunggilané Gusti.”

Katah tijang ingkang gadah seserepan saé, saged nenangi tijang sanésipun, nanging badanipun pijambak boten nglampahi. Rasul Paul boten mekaten. Pandjenenganipun ngidung pamudji wonten salebeting pakundjaran ing Filipi, sukunipun dipun belok. Kados pundi menggah karépotan, rekaos lan kasisahan kita? Wangsulanipun Rasul Paul: „Adja pada sumelang ing bab apa-apa.” Punika boten ateges: terus gesang ingkang boten perdulen. Babar-pisan boten. Nggumatosi punika lan sumelang punika prakawis kalih ingkang béda tegesipun. Kita kedah nggumatosi samukawis ingkang dipun paringaken déning Gusti Allah: „Menawa ana wong kang ora nggumaténi kulawangsané ḑéwé, luwih manéh brajaté, iku dadi wus njingkur ing pratjaja, alané ngluwihi wong kang ora pratjaja.” Nanging ugi wonten prakawis ingkang boten saged kita gumatosi, lan kanggé punika kedahipun kita inggih boten purun nggumatosi. Wohipun namung: ngaja-aja, semplah lan mangu-mangu.

Kita nindakaken punapa ingkang kaḑawuhaken déning