Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
14 Adja paḍa sumelang bab apa-apa

Kidung Pasamuan 15: 1, 2, 3:

Dahat njawaku arerem,
lan atiku ajem, tentrem,
wit Kang Makwasa karsa dadi
etuking karahardjanku,
pamomongku setya tuhu,
ah bètèng lan pangungsèn mami:
Aku mesți datan rebah,
wit rineksa déning Allah.

Duh njawaku saosena
reremira ing wardaja
mring Allah kang dak anti-anti.
Déné Jehuwah Pangéran,
kang dadi peparanging wang,
pangauban lan bètèng mami,
Aku mesți tan gumiwang,
wit Allah kang nganți mring wang.

Allah Maluhur kang dadi
tuking kaluhuran mami,
peparangku kang asantosa.
Hé bangsaku kumandela
mring Allah ing salamanja,
sarasaning drija saosna
mring Allah kang Mahasetya,
kang dadi pangungsèn kita.

Maos Filipi 4:4-9:

Tansah pada bungaha ana ing patunggilané Gusti. Aku minḍoni pitutur: Pada bungaha. Sumlonḍohmu kawruhana ing wong kabèh. Gusti wus tjelak. Adja paḍa sumelang bab apa-apa, nanging sabarang prakara kang kokarepaké pada kauningakna marang Allah srana pandonga lan panjuwun kang kanți saos sukur. Temah tentrem rahaju kang saka ing Allah kang ngungkuli ing panggajuhé saliring budi, bakal rumeksa ati lan angen-angenmu ana ing patunggilané Kristus Jésus.

Wasanané para sadulur, sabarang kang njata, sabarang kang kadjèn, sabarang kang bener, sabarang kang sutji, sabarang kang mrakati, sabarang kang rumaras, jèn ana seḍéngah kang utama lan seḍéngah kang wadjib dialem, iku pada budinen. Apa baé kang wus paḍa kogegulang lan kotampani sarta korungu lan kodeleng.

68