Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Djagad punika déréng mbangunturut dateng Pandjenenganipun. Pangagenging djagad taksih ngamuk srana dosa, kasangsaran, kadurakan lan pedjah. Nanging Kristus badé rawuh malih perlu ngremuk pangawasaning dosa. Ladjeng boten badé wonten panangis, pedjah lan kaprihatosan. Pedjah sampun kakawonaken babar-pisan lan hamung Kristus ingkang djumeneng Ratu langgeng ing salaminipun.

Kita kangen ing rawuhipun Gusti ingkang kaping kalih. Suku kita taksih lumampah wonten ing donja nanging manah kita kedah wonten ing swarga. Ing pundi dununging banda kita, inggih ing ngriku dununging manah kita. Punapa Kristus punika banda kita? Djagad punika kebak banda, nanging mbebajani menawi tudjuning manah kita punika mriku. Donja lan kanikmatanipun badé sirna mekaten ugi kita menawi rumaket dateng donja inggih badé sirna. Mangga sami ngupadosi kawiludjengan wonten ing Sang Kristus, Pandjenenganipun punika sedjatining kasugihan. Kita salaminipun badé angsal panduman saking peparingipun Sang Kristus. Iba enggenipun mbingahaken tijang dosa saged... wiludjeng. Punika pakarjanipun sih-rahmatipun Gusti Allah, krana sihipun Sang Rama. Punika pakarjanipun Sang Kristus margi saking pambangunturutipun, krana gunging sihipun dateng kita. Mangga, kita sadaja tresnaa dateng Gusti Allah lan dateng Kristus, supados Gusti Allah sarta Sang Kristus dedalem ing antawis kita, boten badé nilar kita lan damel karahajon kita ing salaminipun.

Kidung Pasamuan 158 : I:

      Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang
      tinebus sagung dosanira,
      dé Tjempéné Allah, kang sinalib, ngrembat
      ngésahaken duraka kita.
      Da-weg, dén pandeng,
      Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
      tinebus sagung dosanira.

62