Kidung Pasamuan 85 : 1, 2, 3:
Duh Rohing Allah kang Rama,
nggih Rohing Kristus kang Putra,
ingkang angrèh ing awak mami,
Duh Roh kang Sutji Paduka
paguroning kanjatahan,
saha tuking èlmu rohani,
Asma Tuwan kapudjia
ing Pentékosta punika.
Mugi kepareng ing karsa
nedaki ing pasamwanta,
ambirat sagung ing piawon.
madangi ing budi kula,
ngresiki ing manah kula,
njantosakaken ing pitados,
supados kula sembada
ing béndjing angsal suwarga.
Mugi énggala klampahan
saalem donja kébekan
tijang nembah ing Gusti Jésus.
Duh Roh mugi pasamuan
angsala berkah Paduka.
mradini ing bangsa sadarum,
sami nunggila pratjaja,
pangadjeng-adjeng wah tresna.
Maos tjrijos Pentékosta, nalika tumedakipun Roh Sutji, saking Lelampahanipun para Rasul 2 : 1-21; lan kula aturi ngraosaken ajat 4:
Tumuli kabèh pada kapenuhan ing Roh Sutji.
59