Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pangrèhipun Gusti Allah punika sutji sampurna, Kanggé kita peteng, nanging padang kagem Pandjenenganipun,lan ugi sutji. Namung pangrèhipun Gusti ingkang leres: ,,Pangrèh Tuwan punika sutji sampurna, sampun ngantos wonten tijang ingkang mabeni." Wonten ing salebeting kasutjènipun Gusti Allah kita masrahaken pangandel kita. Sinten saged tirijos margi pundi ingkang leres kanggé pijambakipun, nanging Gusti Allah pirsa, lan nuntun kita ing margi ingkang sutji saha leres.

Mangga sami masrahaken pangandel kita ingkang tanpa wates dateng Rama kita kaswargan. Sampun ngantos kita kados laré ingkang nggega kadjengipun pijambak lan badé ngambah ing marginipun pijambak. Kita nuruta kanți lerem lan kabingahan salebeting manah, saha kumandel tanpa mangu-mangu.

Kidung Pasamuan 7: 10:

      Saupama aku tan duwé pangandel
      jèn mesti olèh kadarmané Allahku
      salawasé anèng buminé wong ngaurip,
      rak bilai aku. Mila nganti-antia
      marang Allah, temah dadi lipur atimu;
      ditatag lan nganti-antia mring Allahmu.

52