Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/55

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

adjeng. Gusti Allah dedalem ing sutjining asutji, ing swarga. Kita dèrèng saged mrika pijambak, namung srana pandonga kita, namung lantaran Pantawis kita Gusti Jésus Kristus.

Sapunika ugi taksih mekaten, Gusti Allah punika dedalem ing pasutjèn ing swarga, pangrèhipun wonten ing ngrika sutji, sampurna. Punika kagambar ing sutjining asutji ing padaleman sutji. Ing salebeting sutjining asutji wau peteng. Gusti Allah sampun ngandika bilih Pandjenenganipun badé dedalem wonten ing pepeteng. Mekaten ugi kanggé kita ing samangké. Pangrèhipun Gusti Allah, pakarjanipun sadaja taksih peteng kanggé kita. Kita boten ngertos dateng Gusti Allah bab sesambetan gesang kalijan kita, ugi boten ngertos bab pangrèhipun dateng djagad. Asring wonten pitakènan tumuwuh ing manah kita: Kados pundi? Éwadéné boten wonten wangsulanipun. Awit Gusti Allah boten maringi katrangan ing atasipun pakarjanipun, Kita boten wenang mundut pandjawab, lan Gusti Allah boten wadjib paring wangsulan. Gesang kita wonten ing pepeteng kados ing wantji dalu. Kanggé kita peteng, nanging padang ing atasipun Gusti Allah. Kita boten perlu mangertos dateng pakarjanipun lan pangrèhipun dateng djagad saha dateng gesang kita pijambak. Gusti Allah punika Mahamirsa, kita sadaja namung kados laré ingkang namung pitados dateng Sang Rama, wonten ing astanipun kita sami wiludjeng. Kita ngambah margining gesang kanți katemtuan, tuwin lereming manah wonten ing astanipun Rama kita: ,,Tuwan ngasta tangan kawula tengen." Menawi kita ngantos ngutjulaken panganținipun Gusti Allah lampah kita asring mbebajani.

Wonten bapa mlampah kalijan anakipun ing wantji dalu nguwot ing sanginggiling djurang. Ing ngandap wonten ilining toja ingkang santer. Pun bapa tjrijos dateng anakipun: Tjekelana aku sing kentjeng. Nanging anak punika adjrih sanget, aturipun: O bapak kula sampéjan tjepengi ingkang kentjeng. Mekaten Gusti Allah dateng kita jèn margining gesang punika rekaos. Kita njuwun: puh Gusti Allah, kawula mugi Tuwan tjepengi ingkang kentjeng.

51