Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pangandika punika mratélakaken aosing pandonga. Ing setunggiling- dusun wonten tijang kalihwelas kabaptis. Lurah ingkang dados panuntunipun tjrijos: Saiki kita pada duwé pangungsèn, kita kaparengaké sembahjang.

Salebeting kawontenan ingkang boten limrah aosing pandonga punika ageng sanget. Dawud kinepang déning mengsah, nanging... margi menginggil tetep menga. Kanggé kita ugi saged mekaten: kita boten saged késah-késah, mengalèr utawi mengidul boten saged... nanging margi dateng swarga punika menga.

Ing wekdal kados mekaten punika katjihna langkung tjeja aosing pandonga.

Gusti Allah ugi asring maringi pitulungan tanpa kita suwun. Bab punika ing ngriki boten karembag. Ingkang karembag ing ngriki bab wangsulaning pandonga pandjenengan. Gusti Allah mundut dipun tjaosi pandonga. Punika punapa wadjib? Boten namung wadjib, nanging sih-wenang. Sadaja kuwadjiban Kristen punika pantjèn wewenang ingkang ngangsalaken berkah. Laré salebeting bebaja rak temtu nguwuh-uwuh dateng bapakipun.

Kita kepareng sembahjang lan Gusti Allah inggih karsa mijarsakaken. Punapa punika ateges, bilih kita nampèni punapa ingkang kita suwun? Temtu boten. Jèn kita dados putranipun Gusti Allah, ingkang kita tampèni punapa-punapa ingkang prajogi kanggé kita. Ingkang kita suwun punika asring-asring barang ingkang boten leres.

Pandonga punika enggènipun kadjurungan punapa boten élok? Kados pundi tanduk kita dateng Gusti Allah? Kita kesasar lan asring damel dosa. Kita damel sekeling panggalihipun Sang Rama.

Gusti Allah mijarsa pandonga kita lan asring paring pitulungan. Ing pundi? Pitakèn punika wonten wangsulan ing pérangan kaping kalih ing ajat wau. Gusti Allah ,,maringi kakendelan lan kasantosan wonten ing manah kita". Punika perlu sanget, awit kabegdjan saèstunipun dumunung salebeting manah kita, Kawontenan werni-werni saged nelukaken lan at kasantosaning manah kita, kawontenan ingkang alami punika saged damel

46