Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sarta kang digung pada diuningani djinadjagan saka ing kadohan. Menawi lampah kawula kakepang ing karibedan, Tuwan ingkang nggesangaken kawula, Tuwan ngagagaken asta dateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan déning asta Tuwan tengen.

Jehuwah badé ngrampungaken samukawis tumrap ing kawula, duh Jehuwah, sih-kadarman Tuwan langgeng salaminipun. Tuwan mugi sampun ngantos nilar dateng pakarjanipun asta Tuwan.

Kula aturi nggatosaken dateng ajat 3: Sareng kawula sesambat, Tuwan ladjeng njembadani kawula, kawula Tuwan paringi kakendelan sarta kasantosan wonten ing manah kawula.

45