Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

djah. Saben tijang pitados punika pedjah nalika Gusti Jésus séda. Nanging ugi: Nalika Pandjenenganipun wungu sadaja para pitados inggih sami katangèkaken sareng lan Pandjenenganipun. Sugengipun punika kebabaring wungunipun, mekaten ugi gesangipun para pitados. Wiwitan kita kedah pedjah sareng lan Pandjenenganipun. Sinten ingkang boten pedjah inggih boten saged tangi saking antawisipun tijang pedjah. Mila sapunika wonten pitakèn: Punapa inggih sampun pedjah? Semanten lebetipun kapitadosan ing gesang kita, ingkang ndadosaken kita pedjah sareng kalijan Kristus. Punapa pandjenengan inggih sampun pedjah kalijan Kristus? Boten namung: sok mikir ḍateng Pandjenenganipun, ngluhuraken Pandjenenganipun, seneng mirengaken sabdanipun, ngadjeng-adjeng dateng Pandjenenganipun, nanging... punapa pandjenengan sampun pedjah kalijan Kristus?

Margi saking pedjah ingkang kados mekaten Pandjenenganipun ngluwari sariranipun saking dosa. Sinten ingkang pedjah sareng lan Pandjenenganipun ugi luwar saking dosa. Boten wonten gesang kasukman jèn boten pedjah rumijin. Sinten ingkang pitados punika sampun masrahaken sadaja gesangipun, inggih gesang kadonjan ḍateng pedjah. Kita pedjah sareng kalijan Kristus, pedjah kanți éklas. Gusti Jésus enggènipun séda punika ngarah supados luwar saking dosa. Kita pasrah gesang kita sawetahipun dateng pedjah, punika panjingkuring badanipun pijambak tjara Kristen.

Nanging sami déné kados kita katunggilaken tumrap ing sédanipun Kristus maédahi kanggé kita, mekaten ugi

wungunipun: kita gesang kalijan Pandjenenganipun. Gesang kita punika sami kalijan sugengipun awit pantjèn kagunganipun. Sugengipun Gusti kalair ing gesang kita. Margi saking gesang kasukman mila inggih dados manusa kasukman. Gesang kita ingkang énggal kadunungan sipating sugengpun Gusti Jésus lan muljakaken Asmanipun. Manusa ingkang gesang punika nindakaken padamelan ingkang gesang. Boten gampil masrahaken gesang kita ḍateng pedjah, éwadéné gesang kalijan Kristus mulja lan langgeng.

42