Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

dateng tijang ingkang kita tresnani. Ing antawisipun punika sadaja namung setunggal ingkang perlu: Sang Djuru Wiludjeng ingkang gesang, ngentas kita saking pedjah lan kubur, tuwin maringi gesang langgeng. O, mangga sami madosi Pandjenenganipun Gusti Jésus.

Kidung Pasamuan 78 : 1, 3:

    Gusti agesang malih,
    sampun ngawonaken pati,
    Gusti wungu kula nggih
    sèstu sami badé tangi,
    sinung gesang kang mulja,
    jéku panglipur kula.

    Gusti wungu, é kantja
    sampun uwas-uwas malih,
    Gusti dados Pantawis
    kang gesang, karsa anggalih
    ing kaapesan kula:
    jéku panglipur kula.