Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Éndjing umun-umun Marjam sampun ḍateng kuburan. Pijambakipun sumerep sélanipun tutuping kubur sampun kasingkiraken, ladjeng murugi Pétrus lan Jochanan, dipun tjrijosi, sasampunipun wangsul malih ḍateng pasaréan.

Pijambakipun ngadeg ing satjelaking pasaréan kalijan nangis. Tjobi, saiba tresnanipun ḍateng Gusti Jésus! Itjaling lajonipun Gusti Jésus kraos ing batosipun ngantos lebet, ndadosaken sanget prihatosipun.

Mangga luh punika sami kita ukur kalijan katresnan kita ḍateng Gusti Jésus.

O kaṭah tijang ingkang boten gadah Djuru Wiludjeng ingkang gesang, lan boten rumaos kétjalan, krana sami boten tresna dateng Pandjenenganipun. Wonten saweneh jen kétjalan Gusti Jésus, manahipun boten kraos lan boten sami nangis. Marjam nangis awit lajonipun Gusti Jésus boten kepanggih. Krana merlokaken badanipun pijambak saged ugi tijang madosi Gusti Jésus ingkang gesang, nanging namung katresnan ingkang madosi Gusti ingkang sampun séda. Namung katresnanipun Marjam ingkang boten mikir bab badanipun pijambak punika ingkang ndjalari tjrotjosaning luhipun. Ageng panuwunipun Marjam dateng Gusti Jésus: awit sampun dipun luwari saking demit pepitu. Nanging ing wasananipun ing ngriki Marjam rumaos ketjuwan. Pangertosanipun sami kalijan Pétrus, ingkang njélaki Gusti, Marjam inggih boten mangertos dateng karsanipun Gusti. Ewadéné katresnanipun Marjam tetep, boten éwah-gingsir.

Manahipun manusa punika kadunungan watek gampil nampik Gusti Allah lan Sang Kristus, semanten punika menawi kita boten mangertos pakarjanipun Gusti Allah lan pandamelipun Gusti Jésus ingkang tumrap ing pangalaman ing gesang kita pijambak. Menawi kita mlampah ing margi ingkang peteng, kita gampil menawi dados boten tetep.

Katresnanipun Marjam boten mangu-mangu. Pijambakipun kepéngin manggih lajonipun Gusti Jésus, baḍé dipun djebadi, Ing pasaréan wonten malaékat kalih, Kita boten mangertos, punapa Marjam sumerep menawi punika

32