Kidung Pasamuan 23 : 2, 3:
Rahaju tyang remen dateng sabdéng Allah.
Lampahira sasat kasorotan tansah
ing tjahja kang mantjur saking wedana Tuwan,
bingah manahipun déning sihé Pangéran.
Prasetya Tuwan amesti tan nglingsemaken,
kaadilan Tuwan malah angluhuraken,
Pangéran kang dados pangauban mulja,
wah malih pikekahing kakwatan kula,
kula badé unggul ing saliring bebaja,
malah kaparingan kamuljan anéng swarga,
sebab Pangéran kang naméngi umatipun,
sinungan Panutan kang langkung déning kwasa.
Maos Jochanan 20 : 11—18:
Nanging Marjam ngadeg ana ing djaba satjedaké pasaréan kambi nangis. Sadjroné nangis nginguk ing pasaréan, sarta weruh ana malaékat loro ngagem-agem putih pada pinarak, kang sidji ana ing ulon-ulon, sidjiné ana ing dagan tilas panggonan sumaréné lajoné Jésus. Iku bandjur pada ngandika marang Marjam: Bibi kena ngapa kowé nangis? Aturé Marjam: Awit Gusti kula dipun pendet tijang, sarta kula boten sumerep ing pundi enggénipun njarékaken. Sawusé matur mengkono, tumuli minger sarta weruh Jésus djumeneng, nanging ora sumurup jén iku Jésus. Jésus bandjur ngandika marang Marjam: Bibi, kena ngapa kowé nangis? Kowé nggoleki Sapa? Saréhné panjanané Marjam jén iku djuru taman, mulane matur: Tuwan, menawi sampéjan ingkang ngésahaken, kula sampéjan sandjangi ing pundi enggén sampéjan njarékaken, kula pendetipun. Jésus tumuli ngandika: Marjam! Marjam bandjur minger sarta mundjuk ing tembung Ibrani: Rabbuni (djarwané: Guru kawula), Pangandikané Jésus: Adja nggepok marang Aku, awit Aku durung sumengka menjang ing ngarsané Ramakku. Nanging lungaa, nemoni para sadulurku, pada warahen: Aku sumengka menjang ing ngarsane Ramakku lan Ramakmu, ngarsané Allahku lan Allahmu. Marjam Magdaléna tumuli lunga wewarta marang para sakabat, jén wus ndeleng Gusti sarta dipangandikani kaja mengkono mau.
31