ing pangadilanipun Gusti Allah, Gusti Jésus katunggilaken kalijan kita, sampun boten kénging kapisah. Dosa kita kaétang dados dosanipun Gusti, pedjah kita dados sédanipun, kubur kita dados pasaréanipun, naraka kita inggih narakanipun Gusti Jésus. Wonten ing pangadilan kepanggih bilih Pandjenenganipun tetep leres lan sutji, Pandjenenganipun mbajar dosa Jan netepi pepundutaning angger-angger sadaja.
Gandèng kita kalijan Pandjenenganipun raket sanget, sarèhning kita dipun luwari saking paukuman, Gusti dipun luwari. Kita wonten ing patunggilanipun Gusti sampun sami pedjah, sambutan kita sampun lunas. Pandjenenganipun kasamèkaken kalijan kita, kita inggih kasamèkaken kalijan Pandjenenganipun, sampun nunggil gesang. Pangluwaran kita punika inggih pangluwaranipun Gusti; dosa lan paukuman sampun itjal.
Pangluwaran wonten ing pangadilan punika ngrumijini pangluwaran saking siksa. Upami wonten tijang kagigat boten kepanggih kalepatanipun punika kaluwaran saking paukuman. Ladjeng wonten utusan saking pangadilan dateng pakundjaran, korining pakundjaran menga, tijangipun tumunten luwar.
Kados mekaten enggén kita dipun luwari; Sétan punika djuru panggigat, nanging kalepatan sadaja sampun kabajar temah itjal. Sadaja ingkang boten leres sampun dipun leresaken ,,kados-kados kita boten gadah lan boten damel dosa, inggih kados-kados lampah sutji punika sampun kita lampahi kanti sampurna, krana Sang Kristus nglampahi sadaja kanggé kita”.
Ladjeng wonten utusan saking pangadilan ing swarga dateng kubur, tutuping kubur kabikak, Gusti Jésus luwar, lan sadaja ingkang dados setunggal kalijan Pandjenenganipun inggih luwar. Gandeénging gesang, patunggilan ingkang kineker sapunika kababar srana pitados: ngakeni dosa, kumandel dateng rah-kurbanipun Sang Kristus, ngantos-antos kawiludjengen namung saking Gusti Jésus lan Sang Rama, ingkang sampun mungokaken Sang Kristus saking ing antawisipun tijang pedjah. Mekaten manah kita saged nemtokaken ḍateng
29