Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dinten punika wonten pitakénan dateng kita: Pandjenengan punapa pitados dateng Gusti Allah ingkang sampun mungokaken Gusti Jésus Kristus saking antawisipun tijang pedjah? Temtu kita pitados dateng Gusti Allah. Cicero (setunggiling tijang Rum ingkang misuwur ing djaman kina) naté tjrijos: Boten wonten bangsa ingkang boten gadah sesembahan. Mekaten tembungipun tijang kapir. Kados pundi upami tijang Kristen boten pitadosa! Ewa déné ing ngriki langkung saking semanten: Boten namung pitados bab wontenipun Gusti Allah nanging pitados dateng utawi ing Gusti Allah, mangka ing Pandjenenganipun, ingkang sampun mungokaken Gusti Jésus saking antawisipun tijang pedjah.

Pitados dateng punika kumandel dateng Gusti Allah, pasrah kanti temen-temen, gesang sesambetan, tetunggilan kalijan Gusti Allah krana Kristus, kétjalan gesangipun diri pribadi margi wonten ing patunggilanipun Gusti: sanés kula, nanging Kristus ingkang gesang wonten ing kula.

Pandjenenganipun kapasrahaken krana dosa kita, kapasrahakan dateng laknat, tinégakaken déning Gusti Allah krana dosa kita, inggih dosa kula_ pijambak-pijambak. Sinten ingkang sumerep Gusti Jésus kapasrahaken krana dosanipun, ladjeng saged ngutjap kanti keduwung kados Luther: ,,O dosaku, dosaku!

Kados pundi déné dosa kita punika kaemotaken dateng Gusti? Kita punika dipun paringaken déning Sang Rama dateng Pandjenenganipun. Gesang kita kapundut ladjeng katungggilaken kalijan sugengipun Gusti. Punika kekeran: gesang setunggal kalijan Pandjenenganipun, dados sabadan. Mila Pandjenenganipun kadosakaken; sanadyan Gusti Jésus pijambak punika boten naté damel dosa, nanging dosa punika kasandang ing sariranipun. Pandjenenganipun ngambah margi. kita: sangsara, pedjah, kakubur, naraka. Kita sami wonten ing Pandjenenganipun, mekaten absahing sirnanipun dosa kita. Nalika Pandjenenganipun sampun ngrampungaken sadaja, séda lan kasarekaken, pakarjanipun ladjeng kapriksa