Kaca iki wis divalidasi
5 Paskah
Kidung Pasamuan 126 : 1, 3, 4, 5:
Hyang Masutji,
kang ningali
batining samudaja,
mirsa kula
djember nista
risak dé gung duraka.
Kula ngungsi
dateng pundi,
duh Allah murbéng njawa?
Dateng Tuwan,
kang wit welas
tan nampik tyang tjilaka.
Putra Tuwan
sampun njadang
margi dateng tyang dosa,
antuk sowan
ngarsa Tuwan,
kang Mahaasih-darma.
Amin, inggih,
wit gunging sih
néng Golgota sédania
srana rahnja
manah kula
sirna sagung dosanja.
Maos tjrijos bab séda, kapetak lan wungunipun Gusti Jésus, saking Indjil Mattéus 27 : 45 dumugi 28 : 10 katjondongaken kalijan Rum 4 : 24, 25.