Para Imam lan para Farisi punika sami kadumugén ingkang dipun kadjengaken. Karampungan ing pepriksan Gusti Jésus dipun kawonaken. Bupati Pilatus masrahaken Gusti supados kasalib. Pandjenenganipun ngambah margining sangsara (via dolorosa).
Tijoeg golongan katah sami ngetut wingking. Tijang éstri ugi, sami seneng ningali tetingalan ingkang daksija mekaten. Sami ngaduh-aduh lan nangisi Gusti Jésus ingkang badé séda. O kita ugi tumut kraos kados tijang éstri wau. Mekaten Gusti Jésus ingkang saweg juswa 33 taun sampun badé séda, mangka pandamelipun namung saé tok. Sijang lan dalu Pandjenenganipun tansah sedija mitulungi sadaja kabetahan, sapunika badé kasalib. Manah kita ugi tumut kraos sareng lan Pandjenenganipun. Kita ugi nangisi Gusti Jésus ingkang kedah séda. Upami srana angen-angen kita ngadeg ing satjelaking Salib lan sumerep ing sangsaranipun kita ladjeng keraos-raos. Sangsara kasalib punika nggegirisi. Paku tumantjeb ing tangan lan ing suku, ingkang kedah njanggi wawrating badan. Lampahing rah kaganggu. Keteging lampahipun rah rikat, bentér krana tatu, mumet, sakit lan nista. Kita ugi nangisi Gusti Jésus.
Nanging Gusti Jésus nampik tangisipun tijang-tijang éstri wau, mekaten ugi nampik panangis kita. Katah sabab-sabab ingkang murugaken kita kedah nangisi badan kita pijambak, Awit ,,menawa kaja mengkéné iki panggawéné wong marang kaju kang seger, méndahané manéh kang aking bakal dikapakaké?” Menawi sédanipun Gusti Jésus boten kanggé kita, kita temtu badé ngalami bilai ingkang langkung nggegirisi malih. Kedah wonten pangesah ing satjelaking salibipun Gusti Jésus, nanging pangesah ingkang tumudju dateng badan kita pijambak Enggén kita ningali Gusti Jésus nalika kasalib kedah kados ningali wudjud kita pijambak ing salebeting pangilon. Paukuman kita sinandang ing Pandjenenganipun, upami boten mekaten temtu kedah kita Jampahi pijambak. Punika nggegirisi sanget ngantos ndadosaken kagét kita.