Kidung Pasamuan 72 : 1:
Duh laé, Gusti kula
sinandangan wirang,
ri-kinarja makuta
pinojok tyang katah,
rinangkét lir durdjana,
tjinampah sinija,
duh Allah, punapaa
tan ngéman kang Putra?
Maos Lukas 23 : 27—38:
Sarta ana wong akeh kang pada ndérékaké tindaké, mengkono uga wong wadon kang padangaduh-aduh lan nangisi Pandjenengané. Jésus tumuli minger marang wong wadon mau sarta ngandika: Hé genduk para anaké Jerusalém, adja pada nangisi aku, nanging awakmu déwé lan anak-anakmu iku pada tangisana. Lah awit bakal tumeka ing dina wong pada duwé pangutjap mengkéné: rahaju wong wadon kang gabug, lan weteng kang ora tau nglairaké anak, tuwin susu kang ora tau nusoni. Ing waktu wong bakal wiwit pada njlatoni marang gunung: aku djugrugana, lan marang pepuntuk: aku sasabana. Awitdéné menawa kaja mengkéné iki panggawéné wong marang kaju kang seger, méndahané manéh kang aking bakal dikapakaké?
Ana wong durdjana loro ija uga pada kadabjang, bakal kaukum pati bareng klawan Jésus. Satekané ing panggonan kang aran Patjumplungan, Jésus bandjur disalib ana ing kono, mengkono uga durdjana mau, kang sidji ana ing tengen, sidjiné ana ing kiwa. Jésus tumuli matur: Duh Rama, tijang punika mugi sami Tuwan apunten, margi boten sumerep ingkang dados pandamelipun. Pangagemané bandjur diedum-edum srana kagebug ing dadu. Anadéné wong akéh pada ngadeg nonton. Dalah para. panggedé pada ngéntjepi marang Jésus, pangutjapé: Wong lija-lijané wus pada dipitulungi, ing mengko karebén mitulungi awaké déwé menawa dadi Sang Kristus pilihané Allah. Mengkono uga "para pradjurit ija pada madju memojoki kambi njaosi tjokak. Sarta pada ngutjap: Menawa kowé iku ratuné wong Jahudi, mara mitulungana awakmu déwé. Anadéné ing saduwuré ija ngan kaetrapan tjiri tulisan aksara Junani, Latin Jan Ibrani unine: Iki Ratuné wong Jahudi.
22