Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nalika Gusti Jésus wiwit memulang, kita maos Pandjenenganipun kagoda déning iblis wontening ara-ara samun, wekasanipun kita sumerep panggoda ingkang kalampahan ing Gétsémane. Waunipun djuru panggoda ngésahi sawetawis mangsa apunika wangsul malih. Datengipun iblis ing ara-ara samun punika lelamisan, badé damel pradjandjian memitran kalijan Gusti Jésus, nanging ing ngriki iblis mbutjal topéngipun lan dados mengsah. Wonten ing ngriki kurban punika katétér, Sétan nétér Pandjenenganipun Gusti. Gusti Jésus badé séda krana dosa, badé kadosakaken. Kadjengipun sétan supados Gusti ngraosaken pagirising dosa, lan laknatipun Gusti Allah ingkang nggegirisi srana sangsaranipun salib. Iblis ingkang dados singa negara (legodjo). Babadipun para tijang ingkang sami pedjah sahid punika wonten ingkang mémper kalijan ingkang kalampahan ing ngriki. Ing dalu ngadjengaken sangsaranipun singa negara nuntun pasakitanipun dateng kamar kanggé njiksa, lan nerangaken kados pundi tjaranipun migunakaken sadaja pirantos panjiksa. Ing ngriki tijang ingkang badé pedjah sahid punika kadang-kadang boten kijat. Kasangsaran punika jén dipun raosaken, ing manah kadangkala saéstu langkung awrat katimbang njatanipun. Kita sukur ing Gusti Allah déné kita taksih kaéman, boten kapurugaken dateng kasangsaran ingkang kados mekaten.

Gusti Jésus mundut dateng para sakabatipun supados tumuta ngraosaken. Pamundutipun dateng tijang-tijang wau namung: ,,Aku réwangana melék”. Nanging saben-saben Gusti rawuh ing panggénanipun sakabat wau kepanggih sami tilem, Rawuhipun Gusti Jésus dateng ing djagad tansah murinani tijang wau, nanging tijang-tijang wau salebeting wekdal ingkang nggegirisi boten maédahi punapa-punapa dateng Gusti. Pandjenenganipun nandang sangsara pijambakan.

Kita sampun ngantos ngremeéhaken dateng sakabat tiga punika. Gusti Jésus ugi ngandika dateng kita: ,,Meléka”. Kados pundi gesang kita? Punapa inggih sami melék? O, mbok namung tilema kémawon! Nanging kadawuhan