Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Atusan taun sadéréngipun kalampahan, Nabi Jesajah sampun damel wawasan bab sangsaranipun Gusti Kristus. Nabi Jesajah miwiti srana pasambat kados ingkang kasebut ing Indjil Jochanan 12 : 37, 38: Anadéné Jésus sanadyan wus nindakake pratanda nganti akéh semono ana ing ngarepé wong iku, éwadéné pada ora pratjaja marang Pandjenengane. Supaja kajekténana undjuké Nabi Jesajah kang mengkéné: Duh Pangéran, sinten ingkang pitados enggen kawula sami nggelaraken piwulang? Punapa déné sinten ingkang kawedaran astanipun Pangéran?”

Bok menawi kita gumun klajan tjrijos: ,,Upami pratanda punika kalampahana sapunika, temtu kita ladjeng pitados.” ,,Mangké rumijin, para maos. Enggén kita nglepataken tijang wau, ingkang boten pitados, kedah kanti ngatos-atos. Bok menawi kita ngémperi tijang-tijang wau, saha enggén kita tjrijos mekaten wau namung kabekta saking kirang wanuh dateng badan kita pijambak. Kados pundi deéné tijang-tijang wau sami maiben? Awit Sang Kristus boten ndjurungi ingkang dados idam-idamanipun. Sang Kristus malah kados mbetahaken sangsara lan pamemadanipun tijang, dipun pisuhi punika boten males pisuh, dipun besta, dipun sapu, dipun idoni, dipun salib. Pandjenenganipun sanés tijang ingkang rosa lan remen gelut, lan inggih sanés pahlawan. Boten adji, kados solor, kados sogolan ingkang tukul saking siti pedjah, boten wonten pasemonipun ingkang nggendéng ing paningal. Lepatipun tijang-tijang wau boten wanuh dateng Gusti Allah lan dateng badanipun pijambak.

Sang Kristus punika ,,Kaélokan”, Saréhning tijang-tijang wau tetep kados kawontenanipun, milanipun Gusti Jésus inggih kados sipatipun: sangsara, dados laknat, kadosakaken. Tijang-tijang wau sami pados katrangan wonten ing Gusti Jésus, mangka Allah négakaken Pandjenenganipun. Katranganipun dumunung wonten ing tijang-tijang wau pijambak: inggih tijang-tijang wau ingkang kabutjal. Gusti Jésus njulihi tijang-tijang wau. Pandjenenganipun ingkang ngrukunaken manusa kalijan Gusti Allah, lan njirnakaken kalepatan,