Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

pradjandji: ,,Pandjenengané bakal njantosakaké atimu” Pitadosing manah ingkang ngupadosi Gusti Allah, ugi badé nampéni kakijatan saking Pandjenenganipun. Pundutanipun Gusti Allah saking kita punika sampun kaparingaken dateng kita. Ing salebeting wekdal ngentosi Gusti Allah boten marengaken tangan kita kotong lan manah kita suwung. Pandjenenganipun ngijataken kita.

Kita ngantos-antos dateng Jehuwah. Dateng Allah, boten kados tijang ingkang boten tepang, nanging dateng Allah kita pijambak. Pandjenenganipun kagungan pradjandji dateng kita. Kita asring boten setya, nanging Gusti Allah punika setya tuhu. Kita saged ndjagékaken berkah lan sihipun.

Sinten ingkang déréng wanuh dateng Gusti Allah patrap kados mekaten ing salebeting manah lan gesangipun punika perlu sinau wanuh. Gusti Allah nimbali sadaja tijang ingkang kesasar, supados wangsul ing salebeting sihipun lan katampia ing panggalihipun Sang Rama. Saiba nikmatipun, déné kita kepareng dados para putranipun, lan Pandjenenganipun djumemeng Rama kita ingkang Mahakawasa.