Ngentosi punika boten gampil. Kita ngertos wonten tetembungan: ngentosi punika raosipun dangu. Mestinipun kita sami naté ngalami. Ngentosi setunggal djam punika raosipun langkung dangu katimbang njambut damel maos utawi dolanan setunggal djam. Wekdal punika boten isi nanging kotong. Menawi kita ngentosi, danguning wekdal punika dipun kuwaosi ing sanés. Sanés kita, nanging wonten sanes ingkang nemtokaken wekasanipun. Kita sami dipun pijambakaken, punika ndjalari rekaos kita. Mekaten tumrap ing gesang padintenan. Kados pundi menggabing gesang kasukman?
Wonten barang-barang ingkang sanget kula péngini, nanging boten saged kula wudjudaken pijambak. Punika namung dipun paringaken déning Gusti Allah. Kuwadjiban kita punika: ngentosi. Boten nganggur, boten semplah kalijan sedakep. ,,Ngantos-antos” kanti enget punika rumaosing manah bilih sakawontenan kita gumantung ing karsanipun Pangéran, Punapa ingkang kita adjeng-adjeng namung Pandjenenganipun ingkang kuwaos maringi.
Kita sok asring kepéngin mudjudaken barang-barang pijambak. Déné jén boten saged, ladjeng ngadjeng-adjeng dateng pitulunganipun tijang sanés. Nanging ing ngriki: ,,nganti-antia marang Jehuwah”. Punika boten namung ngakeni kaapesan kita, nanging perlu tumindak, mandeng dateng Gusti Allah, ngadjeng-adjeng dateng Pandjenenganipun, kumandel ing pitulungipun lan ndjagekaken ing pangluwaranipun. Ngantos-antos kanti pandonga. Sembahjanga lan ngantos-antosa.
Kabetahan kita kita pasrahaken dateng astanipun Gusti. Tegesipun: kita utjulaken, boten kita tjepeng malih. Karibedan kita kita aturaken, awit ,,Allah rumeksa marang sira”. Ugi kasisahan lan kabetahanipun anak-bodjo lan sadérek kita.
Boten kéndel kémawon, boten namung pasrah kémawon, nanging ngungsi dateng Gusti Allah: ,,Duh Gusti, Tuwan punika pangungsén kawula”. Saisining batos kita punika makarti, mila dipun atag-atag: ,,disantosa”, lan kaparingan
13