Kaca iki wis divalidasi
djengaken ingkang raka mlebet ing grija sakit, kula asring nuwéni lan neda sesarengan. Nalika sampun mlebet ing grija sakit kula namung saged tuwi ing wantjinipun patuwén. Ingkang raka tansah manggalih padamelan Zending saha tansah dipun dongakaken ngantos dumugi dintenipun ingkang wekasan. Dinten ngadjengaken sédanipun ketingal lemes lan asring prihatos lan ugi boten énget. Sadinten sadérénging puput juswa nimbali kula malih lan ngandika, bilih sampun kraos jén badé katimbalan, kula dipun adjak sesarengan ndedonga lan dipun dawuhi mamitaken dateng pandjenengan lan Connie ingkang wekasan pijambak”.
Pamudji kula, mugi-mugi péngetan punika ndjalarana katah sadérék ingkang binerkahan.
Amsterdam
J. C. van Andel-Rutgers
10