Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kitab Sutji memulang dateng kita, bilih salebet-lebetipun manah kita ing ngriku kita namung manggih dosa kémawon. Kula mendet upami tijang tani. Menawi tyang tani gadah sumelang, bok menawi tumpukaning dami ing nglebet bentér ingkang mbebajani, ing ngriku tang tani wau boten ndemék tumpukan wau ing djaw1, awit ing djawi namung asrep kémawon. Pijambakipun mblusukaken tanganipun mlebet, menawi kraos benter ladjeng mangertos bilih ing nglebet sampun wonten ingkang méh badé kabesmi. Ing ngriku ladjeng saged tumandang rerigen saperlunipun.

Menawi tangan kita boten ndemék gesang kita kalairan, nanging kablusukaken mlebet, temtu ladjeng kepanggih dosa-dosa katah. Kita ngrudjuki dateng Kitab Sutji, bilih bakuning pikadjeng kita punika boten sanés namung kepanggih dosa kémawon. Menawi kita dumugi ing pangaken ingkang kados mekaten, ladjeng pawartos bab wijosipun Gusti Jésus, kaélokan saking Allah, punika nglipur kita. Prakawis punika nemtokaken dateng kita, bilih punapa ingkang sami kita betahaken namung saged kepanggih wonten ing Pandjenenganipun Gusti Jésus. Awit inggih punika ingkang sami kita betahaken, bilih Gusti Allah damel wiwitaning gesang ingkang énggal, inggih punika menawi sugengipun Gusti Jésus ingkang sutji rawuha wonten ing manah kita.

Sepinten enggén kita ngesoraken diri pribadi, ingeih semanten agenging kabingahan kita, awit saking sih- rahmatipun Gusti Allah, ingkang maringi wiwitan énggal srana wijosipun Gusti Jésus.

Pawartos wijosipun Gusti Jésus punika martosaken dateng kita ,,kabingahan ageng”. Gusti Allah mudjudaken ingkang kita boten saged ngwontenaken. Ing dinten wijosipun Gusti Jésus kita sinau saos sokur kanti andap asor, déné kaparingan kaélokanipun Gusti Allah.

124