dédé tijang idjèn, nanging Pambadjeng. Saking Pandjenenganipun wonten tojaning gesang mili kados déné saking sumber ingkang agung mradini ing sadjagad. Toja wau melebet ing setunggil-tunggiling manah, nggesangaken batos ingkang sampun pedjah, manah pedjah dipun lairaken malih, tijang dosa mratobat, temah dados tijang gesang. Kadosdéné wijosipun wonten ing Bètlechèm punika dados pusering wijosipun wonten ing bangsa manusa, mekaten ugi mijos ing setunggil-tunggilipun manahipun tijang. Kalairan kaping kalih punika wijosipun GustiJésus wonten ing manahipun tijang.
Kanggé kita ngrekaos ngakeni kaperluaning kalairan kaping kalih tumrap ing bangsa manusa wonten ing Bètlechèm, lan enggènipun katudjokaken dateng kalairan kaping kalih wonten salebeting manah kita. Awit saking punika kita ngakeni, bilih kita lan rékadaja kita pijambak punika tanpa pangadjeng-adjeng. Kados mekaten kita babar-pisan boten baḑé ngrékadaja njaèkaken gesang kita pijambak, nanging ngakeni bilih namung Kaélokan saking Gusti Allah ingkang saged ngleresaken. Prakawis punika mbetahakan manah ingkang anḑap asor, mangka anḍap asor punika kuwadjiban ingkang awrat kanggé tijang dosa.
Pitakènan ingkang perlu pijambak: kados pundi pikiran kita menggah ing badan kita pijambak tuwin bab dosa kita. Menawi kita gaḍah pikiran, bilih ingkang lepat namung prakawis tata lair kémawon, ing ngriku inggih wonten panganggep kita, bilih prakawis tata lair wau saged dipun dandosi déning raosing manah kita ingkang saé. Jèn mekaten kita boten saged nampèni rijaja wijosipun Gusti kados déné kaélokan. Menawi kita ngraosaken saèstu bab kawontenaning manah kita, kita kedah nginggihi kanjataanipun Kitab Sutji bab piawoning manah kita. Sadaja sami sumerep, bilih gesang kita tata lair punika langkung saé katimbang kabatosan kita. Angen-angen kita isinipun awon katimbang tembung kita, saha pepénginan kita langkung awon katimbang pandamel kita. Menawi kita purun nitipriksa saèstu, kita gumun déné kita sumerep karisakan lan piawon pinten-pinten.
123