punika kaélokan
Boten wonten rijajaning agami ingkang dipun muljakaken langkung djembar tebanipun kados rijaja wijosipun Gusti Jésus. Awit sadaja tijang Kristen sami tumut muljakaken, lan ing antawisipun agami ingkang ageng ing djagad punika agami Kristen ingkang katah pijambak warganipun.
Kitab Sutji mratelakaken lebeting tetembungan kalampahaning wijosipun Gusti Jésus punika ,,élok". Sampun kasebutakan ing Kitab Jesajah, namanipun baji ingkang mbekta pangluwaran punika ,,élok" utawi ,,kaelokan". Tembung ,,élok, kaélokan" punika sok kanggé njebutaken prakawis ingkang boten limrah. Sadaja ingkang nglangkahi watesıpun prakawis limrah, sarta barang ingkang ukuranipun utawi rupinipun njlenèh, ingkang boten limrah, umumipun kita sami mestani,,élok." Mekaten wonten tjrijos bab,,kaélokan pitu ing djagad" punika kadjengipun pangènget-ènget dateng kagunan pepitu ingkang awètipun lan saénipun nggèndèng dateng kawigatosan umum. Nanging tegesipun,,élok" ing Kitab Sutji punika sanès. Punika boten magepokan prakawis ukuran wewangunan utawi rerupèn. Tegesipun,,élok" ing Kitab Sutji punika mratélakaken wiwitaning tatanan énggal. Dados kaélokan punika boten ateges sangsaja ageng utawi sangsaja minggah, nanging kosok wangsul ingkang maton. Kosok wangsul ing ngriki sanès langkung utawi kirang, ageng utawi alit, nanging: sampun utawi dèrèng, lan gesang utawi pedjah. Elok punika isi kosok wangsulipun ingkang temtu, pepadang salebeting pepeteng, gesang ing salebeting pedjah, tansah nedahaken lairipun tijang saking antawisipun pepedjah.
Wonten kosok wangsul ing antawising pandamelipun tijang ingkang dosa lan pakarjanipun Gusti Allah. Wonten ing kosok wangsul punika kaélokan saja ketingal. Krana dosa gesangipun tijang tjilaka, boten saged nggajuh dateng ingkang dipun djagèkaken lan dipun tudju. Šinten ingkang njimpang saking marginipun Allah temtu
121