Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sanipun Gusti Allah nggaḍangaké punika wau sadaja dateng kita, saha sami kaparingan punika wau, boten baḑé kapunḍut malih, lan boten kénging dipun rebat déning sinten-sintena. „Aku mestèkaké, sanadyan pati utawa urip, para malaékat utawa para panggeḍé lan para pangawasa, barang awal utawa barang achir, ḑeḑuwuran utawa teteleng lan seḍéngah titah lijané mesti ora ana kang bisa megataké kita saka sihé Allah kang ana ing Kristus Jésus Gusti kita". Mangga sami memudji ḑateng sihipun Gusti Allah kanti ngaturaken panuwun.

Mangga sami memudji dateng sihipun Sang Kristus lan ngaturaken panuwun. Memudjia ing salebetipun sihipun Sang Putra ḍateng sihipun Allah Sang Rama.

Kidung Pasamuan 158 1, 4:

Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira,
dé Tjempéné Allah kang sinalib ngrembat
ngésahaken duraka kita.
Daweg, dèn pandeng,
Srana mandeng ing salib tyang dosa gesang,
tinebus sagung dosanira.

Daweg ngungsi mring Gusti, tyang dosa sagung,
dosa dika dèn undjukena,
Mesti antuk apura temah agesang,
mbok dèn tampi lan suka rena.
Daweg...

Mangga sami sembahjang:

Duh Rama kawula, kawula boten saged mangertos dateng sih Tuwan, kawula namung saged ngaturaken panuwun dateng Tuwan. Sih Tuwan punika kasugihan kawula, lan keparenga ugi dados gaḍahanipun para kekasih kawula sadaja. Kawontenan ingkang kawula alami ing samangké punika sampun ngantos nguwalaken kawula saking Tuwan. Kawula mugi Tuwan wulang kumandel, bilih kawula karéntjangan saé ing samukawis ingkang kawula alami. Sadangunipun gesang kawula sadaja mugi Tuwan wulang, sageda masrahaken prakawis kalairan lan kaba-

119