Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sih ingkang kados mekaten punika ngungkuli sanget ing pangertosan kita. Kita sami boten mangertos, namung saged nalangsa, tjaos sokur lan ngaturaken panuwun »Allah iku asipat sih: para malaékat lan sakéhé ilating manusa pada ngluhurna Gusti!” Sinten ingkang boten rumaos, ingkang boten kepranan manahipun awit saking sihipun Gusti Allah, punika boten pantes nampéni sih wau. Sih punika namung minangka berkah dateng para tijang ingkang pitados.

Punapa tijang-tijang wau langkung saé tinimbang tijang sanés? O, boten, tijang-tijang punika ugi sami kados tijang sanésipun, sami risak, sami kadosan, sami kénging laknat. Nanging tijang pitados punika tijang ingkang purun ngakeni dosanipun, saha ingkang purun nampéni peparingipun Gusti Allah. Sinten ingkang nampik sihipun Gusti Allah sarta kurbanipun, punika boten angsal panduman ing peparing wau. Pangangen-angen, bilih Gusti Allah ngantos masrahaken Putranipun dateng pedjah krana kita, punika kedah tansah damel ngeresing manah kita. Menawi Gusti Allah sampun nindakaken pakarjan ingkang ageng punika, punapa boten badé tumindak ingkang alit murih kawiludjengan kita? Ing donja ngriki punapa wonten prakawis setunggal kémawon ingkang saged megataken kita kalijan sihipun Sang Kristus?

Menawi kita kasangsaran, menawi nandang rupeking manah, nandang kaluweén lan kawudan, kaantjam ing bebaja utawi pedang margi saking karsanipun Gusti, punapa kita ladjeng ngetjulaken Sang Kristus lan njélaki dateng sihipun Gusti Allah? Gusti Allah pijambak rak badé ngreksa dateng kita. Gusti Allah pijambak sampun njepeng tangan kita tengen, sampun maringi samukawis ingkang langkung ageng, dados kita badé boten kontjatan ing pitulunganipun. Gusti Allah sampun maringaken Putranipun dateng kita, lan kita dipun paringi sadaja sareng lan Gusti Jésus. Saged kalampahan kita ngalami rekaos ngantos sanget, nanging kita sami gadah Allah lan sthipun. Sih wau badé maringaken punapa ingkang sami kita betahaken, lan nuntun kita dateng kasaénan-kasaénan ingkang Sampurna lan langgeng. Kar-

113