katetepaken dados kapalanipun ingkang muridipun ladjeng mindak-mindak ngantos langkung Saking 500, Enggén kula njebut dateng M. Sukarnowijoto punika kanti ngéngeti dateng para kapala guru sanésipun ingkang ngepalani pamulangan Rakjat lan pamulangan Sambetan, katahipun kinten-kinten 60, mangka panggénanipun wonten ingkang tebih lan sepen, éwasemanten sami setya ing damel, ndadosaken suburing pamulangan-pamulangan wau. Jén ngleresi wonten Kerstfeest ing pamulangan-pamulangan wau saja langkung saé malih, awit boten namung laré-laré, nanging ugi para tijang sepuhipun sami saged mirengaken kabar kabingahan. Ngantos ing kita Solo naté kelampahan tijang berah mlampah ing margi singsot mawi lagu ,,Dalu sutji”, punika margi saking wontenipun pamulangan Kristen Djawi; lan pawingkingipun dipun wontenaken pamulangan Kristen mawi basa Welandi, ladjeng saja katah tijang ingkang saged kekidungan Kristen.
Kula ugi énget dateng rekaosing padamelanipun para djuru sadé buku (colporteurs), kula sebut salah setunggal kémawon, ingkang sepuh pijambak: Pak Pétrus. Tigang dasa taun kepengker ing wantji éndjing ngleresi anak kula sakit sanget, mertamu dateng grija kula, murugi patilemanipun anak kula kalijan tjrijos dateng kula: ,,Dateng kula mriki badé sesarengan ndedonga kalijan pandjenengan njuwunaken saras ingkang putra.”
Nalika semanten brajat kula déréng dangu wonten Solo, ngaosi sanget dateng patuwén punika. Kula inggih ngaosi sanget dateng padamelanipun para djuru sadé buku, saben dinten dateng dusun-dusun ngambah margi bentér lan bledug. Ingkang dipun purugi limrah tijangipun sami mlarat-mlarat, ngantos naté kalampahan wonten tijang 16 brandon tumbas Indjil 4 reginipun 16 sén. Panjuwunan tambahipun piwulang bab agami ‘Kristen ing panggénan-panggénan ingkang tebih, punika wohing padamelanipun para djuru sadé buku ingkang setya tanpa ng¢étang ngrekaosipun. Sémah kula tresna sanget dateng padamelan punika, awit inggih punika srananing pakabaraning Indjil sagedipun mradini tijang ingkang katahipun 2½ juta. Dalasan wonten ing interniran damel sesorah dateng kantja-kantjanipun bab sumebaring serat waosan.
Wiwit taun 1917 sampun madeg pamtilangan Kristen mawi basa Welandi, ndjalari katah kantja bangsa Welandi sami dateng Surakarta. Margi saking punika tuwuh Pasamuan Welandi Gereformeerd, ingkang ngabaraken Indjil dateng bangsa Tiong Hwa.
Kedjawi punika sadaja, wonten punggawa kantor ingkang nindakaken padamelan administratie, wonten ingkang ngladosi buku-buku lan pirantos-pirantos pamulangan ingkang dipun betahaken déning pamulangan-pamulangan wau. Wonten ugi laré-laré éstri ing grija kula sawetawis, ingkang sami olah-olah kanggé njegah, jen ngleresi wonten kempalanipun para guru utawi colporteur saking panggénan tebih. Laré wau inggih njawisi buntelan panganggé kanggé pres¢n Kerstfeest ngantos éwon tjatjahipun. Ugi sopir kula ingkang prasasat boten saged dateng grédja sesarengan lan