Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kita boten saged murugi. Wonten pepisahan ingkang boten saged kita singkiraken.

Sukur, Gusti Allah karsa maringi Pantara Gusti Jésus Kristus, djumeneng Pantara ingkang njirnakaken dosa lan ngangsalaken pangapuntening dosa kita, punapa mangka lih ingkang nunggilaken kita kalijan Pangéran, mangka Sang Kristus punika tetep kanggé sadaja tijang turun-tumurun; rumijin lan samangké punika boten éwah-gingsir lan langgeng. Ingkang dipun kidungaken bab Gusti Allah déning Vondel (setunggiling sardjana ngarang kidung): ,.Kawontenan Tuwan wingi lan samangké punika tetep lan boten badé éwah-gingsir,” punika inggih tumudju ugi dateng Pandjenenganipun Sang Kristus. Pandjene nganipun, Putranipun Allah inggih djumeneng Allah. Kita kedah nolih dateng Pandjenenganipun supados angsala katentreman. Sok sintena ingkang angsal katentreman wonten ing Pandjenenganipun inggih angsal katentremaning Gusti Allah.

Menawi ningali saklébatan lelampahanipun Gusti Jésus, punika katah béda-bédanipun: nandang sangsara, dipun wewada, kasija-sija, kasingkang-singkang, dipun salib, séda lan kasarékaken, nanging samangké djumeneng Ingkang Mahakawasa lan Ratunipun Kratoning swarga. Béda-bédanipun lelampahan punika boten ngéwahi sipatipun Gusti: rumijin lan samangke punika tetep boten éwah-gingsir ingkang kawontenanipun.

Saiba bédanipun: nalika dipun sija-sija déning tijang kalijan nalika Rasul Jochanan dawah wonten ing ngarsanipun prasasat pedjah sareng sumerep kamuljanipun Gusti. Ewadéné Pandjenenganipun tetep boten éwah gingsir, punika ugi kanggé kita sadaja. Molah-malihing kawontenanipun Gusti ingkang katingal punika margi enggénipun badé njaméni dateng kita tijang dosa. Sipatipun kalanggengan punika inggih ndjalari santunipun barang ingkang ketingal, nanging molak-malikipun wau boten saged mengku dateng kalanggengan.

Gusti Jésus rumijin lan samangké punika kanggé kita: Jésus Djuru Pangluwar, Djuru Wiludjeng, Pandjenenganipun ngluwari kita saking piawon ingkang langkung

112