Wonten bebasan ingkang misuwur saking pudjangga Junani: „Kabèh mili, ora ana kang tetep". Wonten ugi kidungan ingkang mungel:
Kidung Pasamuan 112: 1, 2:
Gentosing wulan lan warsi
damel getun kula jekti.
Déné lampahé kok rikat,
namung sanétra prasasat.
Mekaten dadosé sirna
kamuljaning alam donja,
mekaten baḑéné itjal
samukawis kang ketingal.
Asring kemawon kita ngungun ḍateng boten awètipun samukawis ing donja ngriki. Bebasanipun tijang Rum ing djaman rumijin mungel: „Mangsa iku owah-owah, lan kita ija ora béda". Manah kita kangen ḍateng prakawis ingkang tetep, ladjeng tumenga ḍateng Gusti Allah lan ngutjap:
Kidung Pasamuan 169: 1:
Tumengaa tyas lan mata,
ngisor tan ana lulus,
Urip, sih, mukti sanjata
mung anèng Gusti Jésus.
Sagung nikmat ing bumi
datan guna mring ati,
Sing ngangadjap urip njata
tumengaa tyas lan mata.
Pandonganipun Augustinus: „Duh Allah, manah kawula boten manggih katentreman, kedjawi ngraosaken katentreman wonten ing Tuwan". Tentrem wonten ing Allah. Saking deḍasar kita pijambak punapa saged sowan wonten ing ngarsanipun Gusti Allah? Kita ngertos bilih boten saged, margi ing antawis kita kalijan Gusti Allah wonten pepisahan ingkang tanpa wates. Leres kita sami katitahaken tinulad ing tjitranipun Gusti Allah, nanging dosa kita punika sampun ngrisak tjitra wau. Wonten pepisahan ing antawis kita kalijan ingkang Mahasutji ndjalari