Ing antawis kita sinten ingkang kendel kados Pétrus mekaten? Ngurbanaken badanipun pijambak? Menawi wonten lelampahan ingkang mbebajani sanget tumraping gesang kita, kita ugi katelasan kakijatan kados Pétrus. O menawi Gusti Allah lan Sang Kristus boten nggonḑèli, kita inggih baḑé nilar.
Pétrus nilar Gusti Jésus, nanging Pandjenenganipun boten nilar Pétrus. Sadèrèngipun nandang sangsara Gusti sampun naté ngandika:„Nanging Aku ndongakaké kowé, Pétrus" Gusti minger mandeng ḑateng Pétrus. Gusti Jésus boten saged njelaki Pétrus srana pangandikanipun, sagedipun namung srana mandeng saking katebihan, ingkang mranani sanget. Kados nalika Nabi Élijah nalika kepanggih kalijan Gusti Allah: wonten prahara, linḑu, latu nanging Gusti Allah boten wonten ing ngriku. Nalika semanten ladjeng wonten sumiliring samirana, Gusti Allah wonten ing ngriku. Pamriksanipun Gusti ndjalari wonten éwah-éwahan ageng tumraping Pétrus. Punika ngèngetaken Pétrus ḑateng pangandikanipun Gusti Jésus ingkang isi pepènget. Sapunika wonten kanjataanipun pepènget wau. Gusti nuntun ḑateng pangandikanipun. Menawi Gusti karsa menggalih ḑateng kita, kedahipun kita wangsul ḑateng pangandikanipun. Ing pepaḍanging pangandikanipun kita sinau njumerepi badan kita pijambak.
Pétrus ladjeng medal lan nangis kelara-lara. Ing wiwitan kita sumerep Pétrus ing salebeting dosanipun, sapunika sumerep ing piduwungipun. Sedjatining keduwung wiwitanipun saking Gusti Allah lan saking Sang Kristus. Punika boten medal saking manah kita pijambak. Kita sami katuntun ḑateng raos keduwung. Wonten tijang ingkang sami isin ḍateng dosanipun, lan rumaos bilih pijambakipun sampun ngesoraken badanipun pijambak srana damel dosa. Kados tijang mandeng ḑateng badanipun pijambak, péranganing manahipun ingkang rumaos saé mandeng dateng ingkang awon. Ing ngriki boten mekaten. Ing ngriki boten kasebut: Pétrus bandjur minger mandeng marang Pétrus, nanging Gusti bandjur minger mandeng marang Pétrus. Sarèhning piduwung punika
108