Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Panglipur ingkang tinilar

Sawetawis tjatetan-tjatetan tilaranipun sémah kula, wonten ingkang isi péngetan-péngetan ingkang sampun dipun lairaken wonten salebeting interniran ing Solo. Sasampunipun Djepang pasrah bongkokan, tjatetan-tjatetan wau dipun padosi kanti ngrekaos sanget wonten ing Semarang déning mitra kula nonah Miranti guru Juliana van Stolbergschool ing Djokja, ladjeng kaklempakaken dados setunggal ing ngriki.

Saking prakawis werni-werni ingkang ndjalari buku punika dipun tjap lan kawedalakan.

Sémah kula boten saged pamitan dateng pasamuan-pasamuan ing Surakarta, ingkang sampun dipun ladosi 30 taun laminipun. Sampun temtu pepisahan punika damel sisahipun. Wonten ing interniran sémah kula tansah-manah pasamuan-pasamuan wau lan kadadosanipun ing tembe. Ngantos dumugining dinten wekasanipun katah pun ndongakaken pasamuan-pasamuan wau. Nalika sampun dipun internir sawetawis wulan, wonten kantja Djawi ingkang kintun kabar, bilih pandonganipun punika kraos salebeting pandamelanipun.

Buku punika ingkang rumijin pijambak tumudju dateng kantja tunggil damel. Boten sadaja kula sebutaken ing ngriki, awit pratélaning nama-nama badé pandjang. Kula énget dateng Ds. Atmawidjono tuwin matur nuwun, déné nalika para kantja bangsa Welandi sampun sami boten saged nindakaken padamelanipun, ladjeng ngetog kakijatan ngladosi pasamuan-pasamuan punika, lan ing salebetipun kaedjégan déning Djepang, Ds. Atmawidjono punika ngrumijini sémah kula sowan ing Dalemipun Sang Rama.

Kula énget dateng Ds. Mitrotenojo lan Ds. Reksodarmodjo saha para kantja tunggil damel ingkang tinimbalan déning pasamuan-pasamuan sasampunipun sadérek punika, ladjeng sami ngrimati pasamuan-pasumuan 16 ing karésidénan Surakarta, tuwin dateng para guru ingkang sami mbijantu.

Kula énget dateng para guru-guru pamulangan; dateng M. Sukarnowijoto, ingkang nalika taun 1913 taksih dados murid pamulangan Kristen wiwitan, ingkang alit kémawon; pawingkingipun ladjeng

7