Menyang kontèn

Kaca:Adja Sumelang.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ing sanginggilipun gapura mlebet dateng grija pamudjan ing Delphi, tanah Junani, ingkang misuwur, krana ing ngriku wonten papan palenggahanipun imam èstri, ingkang nglairaken tembungipun déwa Apollo, inggih ngriku punika wonten seratan ingkang pantes dipun ènget-ènget ungelipun: Titipriksanen awakmu déwé. Semanten inggiling piwulangipun pudjangga Junani. Langkung inggil malih seserepan Kristen ingkang asuraos: Wanuha marang Allahmu, lan ana ing pepadangé Allah titipriksanen awakmu déwé. Pandonganipun Dawud langkung lebet malih, déné kandas dumugi ing salebeting njawanipun. Duh Allah, kawula mugi Tuwan djadjagi, sarta manah kawula mugi Tuwan tupiksani.

Punika pandonga ingkang medal saking burusing manah. Pijambakipun sumerep bilih nggaḍahi dosa ingkang boten dipun mangertosi pijambak.,,Mugi Tuwan karsaa nglebur kalepatan kawula ingkang samar;" mekaten pandonganipun Dawud ing masmur sanès. Prakawis punika Dawud inggih boten purun ngumpetaken. Sanadyan pijambakipun boten mangertos, nanging njuwun supados Gusti Allah karsaa nupiksani. Dawud masrahaken njawanipun ing astanipun Pangéran kanți ngeblak, sanadyan wonten sapérangan ingkang boten dipun mangertosi pijambak. Ing salebeting manahipun katah panḍelikan ingkang pijambakipun boten saged njumerepi; nanging sadaja punika kaaturaken ḍateng Gusti Allah supados dipun tupiksani lan dipun djadjagi, langkung-langkung dosanipun ingkang samar. Lah punika nama katemenan. Milanipun Dawud punika setunggiling tijang ingkang ndadosaken keparenging galihipun Gusti Allah. Dosanipun ingkang dipun lampahi katah: béḍangan lan medjahi tijang, nanging pijambakipun kanți temen ngakeni kalepatanipun.

Kita ing samangké sampun kesesa mungel: ,,inggih, kula ugi mekaten". Limrahipun kita boten nganggé tjara ingkang kados mekaten. Ngakeni kalepatan wonten ing ngarsanipun Gusti nganggé tjara ingkang leres punika boten gampil: srana sedih nggares, trenjuh lan rempuning

102