peṭak, wantji dipun enèni. Para sakabat temtunipun sami gumun: Sampun peṭak... ing ngriki? Inggih, tumunten inggih baḑé katingal. Tijang èstri wau késah ḍateng kita, ladjeng kaṭah tijang-tijang ingkang tumut wangsulipun. Margi saking panjuwunipun tijang wau Gusti Jésus karsa kèndel kalih dinten wonten ing ngriku. Ladjeng kaṭah tijang ingkang sami pitados ḍateng Pandjenenganipun, enggènipun djumeneng Sang Kristus Djuru Wiludjenging djagad. Tijang-tijang punika sami tjrijos ḍateng tijang èstri wau: Enggonku paḑa pratjaja saiki wis ora saka udjarmu iku. Marga aku ḑéwé wis paḍa ngrungokaké pangandikané, lan aku wus paḍa sumurup jèn sanjatané iku Sang Kristus, Pamartané djagad. Kita kedah pitados ingkang kados mekaten. Ingkang rumijin kita mireng prakawis punika saking tijang sanès, saking tijang sepuh utawi saking saḍèrèk.
Dados limrahipun ing wiwitan sami gumantung ing pitadosipun tijang sanès. Kita kedah gaḍah pamilih pijambak, ladjeng ngakeni: Aku wis krungu ḑéwé bab Gusti Allah lan bab Gusti Jésus sadjroning atiku. Allah lan Kristus ngandika ḍateng kita ing Kitab pangandikanipun, Gusti Allah lan Kristus pijambak ingkang nudju ing manah kita. Kita kedah niru ing tulaḍanipun tijang èstri punika lan ngabaraken pawartos kabingahan ḍateng tijang sanès.
Tijang sanès wau boten kénging ladjeng kèndel kémawon. Menawi kita ingkang nembé dipun kabari mekaten, inggih ladjeng boten kénging kèndel kémawon. Kita kedah perlu mirengaken swaranipun Gusti Allah, kanţi andap asor manut ing timbalanipun, ngakeni dosa kita, mratobat, lan pitados ḍateng Sang Kristus, Djuru Wiludjeng kita. O saiba berkah lan kasugihan kita, déné Sang Kristus maringi pangandika ḍateng kita, lan srana pangandika wau swaranipun kepireng ing manah kita.