gesang kalijan tijang djaler sanès. Mekaten gesang ing kadosan sapunika kawijak, nanging prakawis punika boten ndjalari rumaos ing dosanipun. Tijang èstri njobi badé ngontjati, ladjeng rembagipun kaénggokaken dateng élmu ka-allahan. Nanging punika boten maédahi. Tijang enggenipun sudjud punapa kedah wonten ing redi Gerizim utawi wonten ing Jerusalèm?Wangsulanipun Gusti Jésus, bilih Gusti Allah karsa dipun sudjudi srana batos lan sedjatinipun, boten gumantung ing panggènan, utawi saréngatipun, nanging ingkang perlu punika dadosa klawan terus ing batos lan ing sedjatosipun. Sang Rama madosi tijang ingkang sudjud ḑateng Pandjenenganipun apatrap kados mekaten. Pepaḍangipun Gusti Jésus tetep katudjokaken ḍateng manahipun tijang èstri wau. Pandjenenganipun nuntun pitakènan bab kaallahan punika wangsul ḑateng pitakènaning manah: „sudjud srana batin lan sedjatiné". Tijang èstri wau njobi ngambali malih srana aling-alingan ing rawuhipun Sang Mesih. Punika ugi boten maédahi: „Iku ija aku iki kang lagi sapotjapan karo kowé". Punapa kita kintenipun manggih gegambaran kita pijambak wonten ing tijang èstri wau? Kita inggih asring nglampahi kados mekaten. Menawi Gusti Allah ngandika, lan Gusti Kristus malèhaken, kita ladjeng pados margi kanggé ngleresaken badan kita pijambak. Punapa boten katah tijang Kristen, menawi dipun rawuhi Gusti Jésus srana pangandikanipun, ladjeng tjrijos: Ija, nanging piwulang bab naraka lan bab pamilih iku aku ora bisa pratjaja; utawi tjrijos: aku bingung jèn ngrasakaké pangrèhé Allah ana ing djagad. Nanging pangandikanipun Gusti Allah punika tumudju ḑateng setunggil-setunggilipun tijang, kadjengipun karaosa ing manah kita, supados nggetuni lan ngakeni dosa kita.
Gusti Jésus maringi piwulang ingkang wigatos ḑateng para sakabat: bab pangawasanipun kasukman tumrap ḑateng lair. Ḍaharipun Gusti punika: Enggènipun ngèstokaken karsanipún Sang Rama. Pandjenenganipun ladjeng ngandika prakawis panènan ing pategalan kasukman, Dalah ing Samaria kémawon pategalanipun sampun
97