Menawi tijang Jahudi sisih lèr kekésahan dateng Jerusalèm, limrahipun sami njimpang, boten nglangkungi tanah Samaria, margi pijambakipun njepèlèkaken sanget dateng bangsa punika. Ing ngriki Gusti Jésus boten tumindak mekaten. Pandjenenganipun tindak nratas ing tanah Samaria, boten namung mekaten kémawon, nanging Pandjenenganipun kedah nglampahi mekaten. Punapa ing ngriki kita boten sumerep pitedahipun Sang Rama? Gusti dipun bebahi padamelan ing ngriku. Gusti Jésus perlu manggih tijang èstri Samaria lan tijang-tijang ing Sichar, kitanipun tijang Samaria lantaran tijang èstri wau. Sanadyan boten kados Pandjenenganipun, nanging ing gesang kita ugi wonten tuntunan ingkang kedah kita sumerepi tuwin nglampahi kuwadjiban kita.
Ing ngriki wonten tigang prakawis ingkang kedah kita gatosaken: pirembagan kalijan tijang èstri punika, piwulangipun Gusti dateng para sakabat, lan enggenipunusti lereb wonten ing Sichar. Gusti Jésus pinarak wonten ing satjelaking sumur enggènipun nduduk Rama Jakub. Para sakabat sami dateng Sichar perlu tumbas teteḍan. Ing ngriku wonten tijang èstri dateng perlu baḍé ngangsu, Gusti Jésus ladjeng mundut ngundjuk. Tijang èstri punika gumun déné tijang Jahudi purun neḍa ngombé dateng tijang Samaria. Wangsulanipun Gusti Jésus tumunten katudjokaken ḍateng manahipun tijang èstri punika: „Menawa kowé sumurupa ing peparingé Allah, lan sapa wongé kang tutur ing kowé: aku wènèhana ngombé, mesti kowé kang ndjaluk marang wong iku, tumuli diwènèhi banju urip". Tijang èstri punika mbetahaken sanget ḍateng Gusti Jésus, katimbang Gusti mbetahaken ḍateng pijambakipun. Tijang èstri punika namung mikir tojaning sumur. Sasampunipun dipun sumerepaken tijang èstri punika tetep namung mikir toja wantah, boten mikir dateng toja kasukman. Gusti Jésus ladjeng ndjlèntrèhaken
gesangipun tijang èstri wau. „Lungaa ngundang lakimu, endang mrénéa." ,,Kula boten gaḍah laki". Tijang èstri punika sampun naté laki kaping gangsal, lan sapunika
96