Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Apa kagiyatan nulis ing Wikipédia bisa dipigunakaké minangka sarat kanggo ngundhakaké kalungguhan utawa jabatan?

ꦲꦥꦏꦒꦶꦪꦠ꧀ꦠ​ꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦧꦶꦱ​ꦢꦶꦥꦶꦒꦸꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏ​ꦱꦫꦠ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴ​ꦔꦸꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦏꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸ​ꦠꦮ​ꦗꦧꦠ꧀ꦠꦤ꧀?


Nulis ing Wikipédia iku minangka kagiyatan kang adhedhasar sukalila saéngga ora bisa mènèhi paédah kang wujud matèri utawa pawitan kalebu ing jeroné yaiku mundhaking jabatan.

Nanging, nulis ing Wikipédia bisa ngundhakaké kaprigelan non-tèknis, kaya ta prigel anggoné nulis, saha golèk sumber kang mitayani, kang tembéné bakal migunani sajroning bab pawiyatan, kaya ta panyungsunan kurikulum, panggolèkan matèri mulang, sarta panyungsunan lapuran.

KAWRUH WIKI Kontributor Paling Unggul Maret 2020
ing Wikipédia Basa Jawa
Dandung Adityo Argo Prasetyo
294 besutan
Elicefa
293 besutan
Sunshroom17
214 besutan
Fandy Aprianto Rohman
160 besutan
Saka stats.wikimedia.org/v2

ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ

26