Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Banjur kepriyé carané mbesut ing Wikipédia?

ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦼꦥꦿꦶꦪꦺ​ꦕꦫꦤꦺ​ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?

Nalikané Panjenengan nembé maca Wikipédia, apa wis tau weruh tulisan “besut” ing sisih tengen dhuwur kaca?

Ing modhe “besut” iki, Panjenengan bisa muwuhi kontèn kang isih kurang, ndandani kang isih luput, utawa mbusak kontèn kang isiné sembarangan. Aja lali uga tansah muwuhi rujukané. Sabanjuré, namung kari ngeklik manèh “Babar owahan” ing sisih tengen dhuwur.

Nalika Panjenengan ngeklik “Besut”, banjur pacakan kaca Wikipédia bakal malih dadi modhe “besut”, yaiku modhe kang Panjenengan bakalé bisa ngowahi tumrap kaca iku mau. Panjenengan bisa nggatèkaké tuladha pacakan modhe besut ing ngisor iki:

Besutané Panjenengan bakal langsung disimpen lan kapacak!

15

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!