Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Généya kadhangkalané aku nemokaké informasi kang luput ing Wikipédia?

ꦒꦺꦤꦺꦪ​ꦏꦝꦁꦏꦭꦤꦺꦲꦏꦸ​ꦤꦼꦩꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦆꦤ꧀ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩꦱꦶ​ꦏꦁꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ?


Mangkéné iki minangka tuladha layar kang tau dikirimaké déning salah sawijining naraguna Wikipédia saka Google Search ngenani bab salah sawijining grup musik saka Nurwègen aran Mayhem (kang kontèné dijupuk saka Wikipédia basa Indonésia.)

Prakara kaya mangkéné iki ing Wikipédia diarani vandalisme, yaiku tumindak mbesut artikel nanging pangajapé amrih ngrusak artikelé. Para ‘pangreksa’ Wikipédia tansah mbudidaya ngreksa artikel-artikel kang ana saka tumindak vandal kaya mangkono iku.

Nanging manawa Panjenengan nemu artikel kang kena tumindak vandal kaya mangkono iku, Panjenengan bisa nglapuraké menyang kaca ‘Angkringan’ kanthi ngeklik ‘Angkringan’ ing kolom sisih kiwa pacakan praèn Wikipédia.

ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ

14