Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Apa artikel ing Wikipédia iku ngandhut informasi kang bener?

ꦲꦥꦄꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦔꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀​ꦆꦤ꧀ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩꦱꦶꦏꦁ​ꦧꦼꦤꦼꦂ?


Saben wong kang maca Wikipédia kudu kritis nalikané maca apa déné golèk informasi ing Wikipédia. Informasi kang kapacak ing Wikipédia aja langsung dijupuk mentah-mentah.

Perkara sepisanan kang kudu Panjenengan tindakaké yaiku nggatèkaké apa ta ing artikel iku mau wis ana rujukané. Rujukan ing saben artikel Wikipédia ditengeri mawa angka-angka [1], [2], [3] kaya mangkéné:

Yèn Panjenengan nemu angka kaya mangkono iku, nuli Panjenengan klik baé, lan Panjenengan bakal diarahaké menyang rujukan asliné, yaiku rujukan kang dadi sumber tumrap artikelé iku mau. Panjenengan bisa maca sumber asliné kanggo luwih mangertèni informasi kang luwih rinci.

Kaping pindho, sawisé ngerti sumber asliné, saiki jajal dideleng, apa ta sumber asli saka informasi iku mau krédhibel apa ora. Gatèkna, sepira beciké “tingkat” rujukan iku. Sumber saka médhia sosial (médsos), blog pribadi, buku babarané dhéwé, wis cetha dudu rujukan kang krédhibel.

ꦲꦗꦚꦸꦥ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦱꦏ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ

12