Kaca:AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA! Pandom cekak tumrap Panjenengan kang dhemen kalawan bauwarna paling gedhé ing jagad maya.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Apa binukaning Wikipédia iku bisa njalari kontèn ing Wikipédia kena dibesut kanthi sembarangan?

ꦲꦥꦧꦶꦤꦸꦏꦤꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃ​ꦲꦶꦏꦸꦧꦶꦱꦲꦚ꧀ꦗꦭꦂꦫꦶ​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦝꦶꦪꦃꦏꦼꦤ​ꦢꦶꦧꦼꦱꦸꦠ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦱꦼꦩ꧀ꦧꦫꦁꦔꦤ꧀?


“Wikipédia nduwèni paguyuban ‘pangreksa’ kang tansah ‘nganglang’ mbalèkaké besutan-besutan kang katon sembarangan.”

Miturut tèknis, ya mangkono iku bener. Nanging aja lali, Wikipédia uga wis nduwèni paguyuban “pangreksa” kang kuwat uga.

Pangreksa iku tansah “nganglang” ndelengi kaca “owah-owahan”— wong-wong iki bakalé énggal-énggal mbalèkaké besutan-besutan kang katon sembarangan utawa besutan-besutan kang isiné informasi kang ora pener. Sawetara naraguna iku diwènèhi aksès piranti lan hak mirunggan — kaya ta mblokir lan ngunci artikel — amrih kontèn ing Wikipédia tetep kareksa kwalitasé.

7

AJA NYUPLIK SAKA WIKIPÉDIA!